Jumat, 05 Agustus 2011

1) Tembung

Tembung

Tembung yaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan dingerteni surasane. Saben rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tur ngemu teges, iku diarani tembung. Dene yen ana rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara iku ora kalebu tembung.

Tembung ing basa Jawa bisa dibedakake dadi:

Tembung lingga
Tembung lingga (kata dasar) yaiku tembung kang isih wutuh kang durung oleh tambahan (imbuhan) apa-apa. Ana uga kang ngarani tembung lingga iku, tembung sing isih wungkul isi wantah, utawa isih asli, jalaran tembung iku durung oleh kawuwuhan apa-apa utawa durung oleh ater-ater, seselan apa dene panambang.
Tuladha:
tangi, angkut, gelis, bali, katon, lan liya-liyane.

Tembung wod
Tembung wod yaiku tembung sakecap utawa sawanda sing wis ngemu teges utawa surasa. 
Tuladha:
byak, tir, ring, cis, rong, bleng, cet, pil, tho, bom, lan liya-liyane.
Tembung Andhahan
Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale, amarga wis oleh ater-ater, seselan utawa panambang.
Tuladha:
makani, ditangisi, menehake, tinuku, lan liya-liyane.

Tembung Yogya Swara

Tembung yogya swara yaiku tembung loro sing digandheng dadi siji, sing ngarep tiba swara "a", dene sing mburi tiba swara "i", duweni teges lanang wadon.
Tuladha:
   a. mahasiswa-mahasiswi
   b. gandarwa-gandarwi
   c. dewa-dewi
   d. siswa-siswi
   e. kedhana-kedhini
Ananging ora kabeh tembung dhapukane kaya ing dhuwur iku diarani tembung yogya swara, sabab ana wae sing jenenge wong, kang dhapukane kaya tembung yogya swara. Upamane: sudarna-sudarni, sukarna-sukarni, maryana-maryani. Mangka iku dudu tembung yogya swara, sabab iku jenenge wong lan durung mesthi yen tembung iku nuduhake lanang wadon. Amarga ana bae bocah wadon iku jenenge sukarna, nanging kosok baline bareng bocah lanang iku jenenge sukarni.

Tembung Rurabasa

Tembung rurabasa yaiku rakitaning tembung kang luput, nanging wis umum utawa lumrah, menawa dibenerake malah dadi saya salah, mula uga diarani salah kaprah.
Tuladha:
a. nggoreng peyek
b. nggawe lemari
c. mbakar sate
d. negor gedhang
e. menek krambil

Tembung Garba

Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih sing dadi siji kanggo ngurangi cacahing wandane.
Tuladha:
a. jiwa + angga = jiwangga
b. lebda + ing = lebding
c. nara + endra = narendra
d. dupi + arsa = dupyarsa

Tembung Kriya

Tembung kriya yaiku sakabehing tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe. Tuladha: nandur, tangi, adus, digawa, daktuku, ngukur, lan liya-liyane.
Werna-wernane tembung kriya:
a. Tembung kriya lingga yaiku tembung kriya kang isih lingga, tegese
    tembung iku durung owah saka asale nanging wis duweni teges tandang
    gawe. Tuladha: lunga, seba, dandan, adus, dodol, lan liya-liyane.
b. Tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya kang oleh ater-ater
    anuswara (an-, am-, an-). Tuladha: ngudang, nimba, nyepot, methuk
    lan liya-liyane.
c. Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang oleh ater-ater
    tripurusa (dak-, ko-, di-) ater-ater "ka" utawa seselan "in".
    Tuladha: sinebul, kopangan, dakgambar, kosilih, lan liya-liyane.
d. Tembung kriya rangkep yaiku tembung kriya kang awujud rangkep
    lan diperang ana:
    1. Rangkep dwi purwa yaiku tembung kriya wanda wiwitan diucapake
        kaping pindho.
        Tuladha; leledhang, leladi, tetedha, lelewa lan liya-liyane.
    2. Rangkep dwi lingga yaiku tembung ligga kang diucapake kaping pindho.
        Tuladha: golek-golek, omah-omah, adoh-adoh, etung-etung lan liya-
        liyane.
    3. Rangkep dwi wasana yaiku tembung lingga wanda wekasan diucapake
        kaping pindho.
e. Tembung kriya transitif yaiku tembung kriya kang dibutuhake lesan (objek)
    mula uga diarani tembung kriya mawa lesan.
    Tuladha ing ukara:
    1. Murni methuk mbak yune.
    2. Nuri ngirim sing matun.
    3. Harno dandani sepedhane.
f. Tembung kriya intransitif (tanpa lesan) yaiku tembung kriya kang
    mbutuhake lesan.
    Tuladha ing ukara:
    1. Pakdhe kondur ing daleme.
    2. Tari nesu ing kamar.
    3. Parni turu jam wolu bengi.
    4. Marwoto lagi ndonga.

Tembung Aran

Tembung aran yaiku jenenge sakabehing apa bae kang dianggep barang.
Tembung aran kaperang:
a. Tembung aran mawujud yaiku tembung aran kang bisa ditampa nganggo
    panca indriya. Sing kagolong tembung aran mawujud upamane:
    1. Jenenge wong  = nuraini, sukarto, sumanto, sukini, demak lan liya-
        liyane.
    2. Jenenge kutha  = pacitan, ponorogo, jombang, demak, lan liya-liyane.
    3. Jenenge kewan = sapi, kebo, jaran, unta, gajah, lan liya-liyane.
    4. Jenenge gunung = merbabu, lawu, slamet, tugel lan liya-liyane.
    5. Jenenge barang = TV, radio, kulkas, kompor, lan liya-liyane.
b. Tembung aran mujarad (ora maujud) yaiku tembung aran kang ora bisa
    ditampa ngganggo panca indriya.
    Tuladha: iman, kepinteran, kabudayan, keyakinan, lan liya-liyane.

Tembung Andhahan

Tembung Andhahan utawa kata jadian yaiku tembung sing wus owah saka linggane amarga kawuwuhi imbuhan (tembung lingga kang wus dirimbag). Pangrimbage tembung lingga dadi tembung andhahan iku kanthi muwuhake imbuhan ing ngarep, buri, utawa tengahe tembung lingga. Kabeh imbuhan iku kalebu wujud terikat. Imbuhan basa Jawa wujude ana papat, yaiku ater-ater, seselan, panambang, lan imbuhan bebarengan.

1.Ater-Ater
Ater-ater (awalan)  iku imbuhan kang dununge ing kiwaning tembung utawa ing ngarep tembung. Ater-ater basa Jawa yaiku ater-ater anuswara (m-, n-, ng-, ny-), ater-ater  a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa-, pi-, pri-, pra-, tar-, kuma-, kami-, lan kapi-.
Tuladha
Ater-ater anuswara
m-       + pacul        à macul
m-       + weling      à meling
n-        + tutup        à nutup    
n-        + telat         à nelat
ng-      + keplak     à ngeplak
ng-      + kancing    à ngancing
ny-      + sambel     à nyambel
ny-      + suling       à nyuling 
a-        + wujud      à awujud
a-        + teges       à ateges
ka-      + jupuk       à kajupuk
ka-      + tulis          à katulis
ke-      + jepit         à kejepit
ke-      + pidak       à kepidak
di-       + baling       àdibalang
di-       + wulang     à diwulang
sa-       + gelas        à sagelas            à segelas
sa-       + dina         à sadina             à sadina
sa-       + wengi       à sawengi
pa-      + etung        à paetung         à petung
pa-      + enget        à paenget         à penget
pa-      + warta        à pawarta
pa-      + laden        à paladin
pi-       + tutur          à pitutur
pi-       + wales        à pinwales
pra-     + lambang    à pralambang
pra-     + tandha      à pratandha
pri-      + kanca       à prikanca
pri-      + bumi         à pribumi
tar-      + kadhang    à tarkadhang
tar-      + tamtu        à tartamtu
kuma-  + lancang     à kumalancang       à kumlancang
kuma-  + ayu           à kumaayu             à kemayu
kami-   + tetep         à kamitetep           kapi + lare à kapilare

2. Seselan
Seselan utawa sisipan yaiku imbuhan kang kadunungake ing tengah tembung. Seselan ing basa Jawa cacahe ana papat, yaiku –um-, -in-, -er-, -el-.
Tuladha:
Pinter     + -um-   à puminter        à kuminter
Bagus    + -um-    à bumagus       à gumagus
Cacad    + -in-     à cinacad
Tulis       + -in-     à tinulis
Kelip      + -er-    à kerelip           à krelip
Gandhul  + -er-    à gerandhul      à grandhul
Titi         + -el-     à teliti               à tliti
Kepyur  + -el-     à kelepyur        à klepyur

3. Panambang
Panambang utawa akhiran (sufiks) yaiku imbuhan sing dumunung ing buri tembung. Panulise kudu sumambung rapet karo tembung kang ana ing sisih kiwane (serangkai) lan ora kena kapisah. Panambang ing basa Jawa kayata –i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane, lan –ake.
Tuladha:
Lara        + -i           à larai                 à larani
Antem     + -i           à antemi
Tangi       + -a         à tangia
Gelem     + -a          à gelema
Dara       + -e          à darae              à darane
Pacul       + -e         à pacule
Suduk     + -en        à suduken
Lemes     + -an       à lemesan
Lungguh  + -na        à lungguhna
jupuk      + -na        à jupukna
Kandha   + -ana      à kandhaana     à kandhanana
Kanca     + -ana      à kancanana     à kancanana
Tamba    + -ane      à tambaane       à tambanana
Gebug    + -ane      à gebugane
Kendho  + -ake      à kendhoake     à kendhokake
Utang     + -ake      à utangake

4. Imbuhan Bebarengan
Imbuhan bebarengan iku imbuhan kang awujud ater-ater lan panambang kang kawuwuhake ing tembung lingga kanthi bebarengan.
Tuladha:
Ka-        + dhisik            + -an        à kadhisikan
Ka-        + liwat              + -an        à kaliwatan
Pa-         + papring          + -an        à papringan
Pa-         + awu               + -an        àpaawuan        àpawon
Pa-         + uwuh              + -an       à pauwuhan     à pawuhan
m-          + lumpat           + -i           à mlumpati
m-          + buwang          + -i          à mbuwangi
n-           + jiwit               + -i          à njiwiti
n-           + tutup              + -i          à nutupi
ng-         + keplak           + -i          à ngeplaki
ng-         + lungguh          + -i          à nglungguhi
ny-         + suguh             + -i          à nyuguhi
ny-         + cukil               + -i          à nyukili
di-          + jupuk             + -i          à dijupuki
di-          + tulis                + -a         à ditulisa
di-          + salin               + -ana      à disalinana
di-          + kandha           + -ana      à dikandhanana
di-          + wales             + -ake      à diwalesake

Tembung Lingga

Tembung lingga utawa kata asal (kata dasar) yaiku tembung kang isih wutuh kang durung owah saka asale utawa durung rinaketan imbuhan apa-apa. Ana kang ngarani yen tembung lingga iku tembung kang iseh wantah utawa isih asli jalaran tembung iku durung nate kawuwuhan apa-apa. Tembung lingga bisa kagolongake wujud bebas.tembung lingga ana kang dumadi saka sawanda, rong wanda, utawa telung wanda. Wanda iku basa Indonesiane ateges suku kata.
Tuladha:
(a)
(b)
(c)
Gong
Bom
Las
cet
Pari
Pitik
Amben
wajan
Rekasa
Kulina
Kapiran
mustaka

Wanda basa Jawa bisa dibedakake dadi loro yaiku:
1. Wanda menga (terbuka) yaiku yen pungkasane wanda awujud vocal.
2. Wanda sigeg (tertutup) yaiku yen pungkasane wanda awujud konsonan.
Tuladha:
Rama, banting, kapisan

Tembung Rangkep

Tembung rangkep utawa reduplikasi basa Jawa cacahe ana telu, yaiku dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana. Tembung rangkep kasebut bakal karembug ing ngisor iki.
1. Dwipurwa
    Dwipurwa iku tembung kang dumadi saka pangrakape purwane tembung 
    lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung.
    Tuladha:
    Bungah        à bubungah         à bebungah
    Lara             à lalara                à lelara
    Gaman         à gagaman         à gegaman
    Resik           à reresik
    Tenger         à tetenger
2. Dwilingga
    Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep. Pangrangkepe tembung 
    lingga iku ana kang karangkep wutuh lan ana kang karangkep mawa 
    owah-owahan swara.
a. Dwilingga Wutuh
   Dwilingga wutuh yaiku tembung lingga kang karangkep wutuh tanpa ana 
   owah-owahan apa-apa. Dwilingga wutuh lumrah ingaranan dwilingga.
   Tuladha:
   Takon           à takon-takon
   Watuk          à watuk-watuk
   Celuk           à celuk-celuk
b. Dwilingga Salin Swara
   Dwilingga salin swara yaiku tembung lingga kang karangkep mawa 
   owah-owahan swara. Racake kang kaowahi iku swara ing tembung kapisan.
   Tuladha:
   Tokan-takon
   Wotak-watuk
   Celak-celuk
   Ida-idu
   Monas-manis
   Bogas-bagus
   Gelam gelem
   Lora-lara
3. Dwiwasana
    Dwiwasana iku tembung kang ngrangkep wanda wekasan utawa ngrangkep 
    wasanane tembung.
    Tuladha:
    Cingak      à cingakngak     à cingangak      à cengingak
    Cenges    à cengesnges    à cengenges
    Cekak      à cekakkak        à cekakakak
    Cengis     à cengisngis      à cengingis

Homograf

Homograf yaiku tembung-tembung kang tulisane padha, nanging pangucapane beda, lan tegese uga beda.
Tuladha:
1. a. Tiyang punika asring ngagem busana cemeng. cemeng = ireng
    b. Aku yen sowan budhe arep nyuwun cemeng loro. cemeng = anak kucing
2. a. Yen duwe meri kudu dikandhangake. meri = anak bebek
    b. Kowe ora perlu meri karo adhimu. meri = ewa, iri

Tembung Tanggap

Tembung tanggap yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater tripurusa (dak, ko, di). -in-, utawa ater-ater ka-.
Tuladha:
a. dak- + pilih = dakpilih
b. ko- + gawa = kogawa
c. di- + garis = digaris
d. ka- + jaluk = kajaluk
e. tuku + -in- = tinuku

Tembung tanggap iku kaperang ana 5, yaiku:
1. Tembung tanggap utama purusa. Dene tembung iki diperang dadi 3:
    a. Tanggap utama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
        "dak-".
        Tuladha: dakjupuk, dakjiwit, dakgeret, lsp
    b. Tanggap purusa i-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater "dak-" lan
        panambang "-i".
        Tuladha: dakcepaki, dakresiki, dakedusi, lsp
    c. Tanggap purusa ke-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater "dak-" lan
        panambang "-ake".
        Tuladha: dakpikirake, dakwenehake, daksilihake, lsp
2. Tembung tanggap madyama purusa. Dene tembung iki kaperang 3:
    a. Tanggap madyama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh
        ater-ater "ko-".
        Tuladha: kogawe, kocokot, kocukur, lsp
    b. Tanggap madyama purusa i-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
        "ko-" lan panambang "-i".
        Tuladha: korewangi, kopetani, kotumpuki, lsp
    c. Tanggap madyama purusa ke-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
        "ko-" lan panambang "ake / ke".
        Tuladha: kopilihake, kotandhingake, kojembarake, lsp
3. Tembung tanggap pratama purusa. Dene tembung iki kaperang ana 3:
    a. Tanggap pratama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh
        ater-ater "di-".
        Tuladha: dithuthuk, dikerok, disaut, lsp
    b. Tanggap pratama purusa i-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
        "di-" lan panambang "-i".
        Tuladha: dikemuli, ditutupi, lsp
    c. Tanggap pratama purusa ke-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
        "di-" lan panambang "-ake / ke"
        Tuladha: digolekake, dicilikake, didhuwurake, lsp
4. Tembung tanggap na
    Tembung tanggap na yaiku tembung lingga kang oleh seselan "-in_.
    Tuladha: tinata, binabar, rinangkul, lsp
5. Tembung tanggap ka
    Tembung tanggap ka yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater "ka-" kang
    nduweni teges "dijarak".
    Tuladha: kapilih, kajupuk, katulis, lsp

Homonim

Homonim yaiku tembung-tembung kang padha pangucapane lan padha panulisane, nanging beda tegese sebab asale tembung kang beda.
Tuladha:
- Kula rade pandung panjenengan punika sinten? (pangling)
- Rehning punika kathah pandung, mila kedah ngantos-atos. (maling)
- Mengko yen ibu duka kepriye, mbak? (nesu)
- Bocah ditakoni kok mung duka bae, sebel aku! (embuh)

Tembung Kereta Basa

Tembung kereta basa yaiku tembung sing diudhari utawa dipirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane. Kereta basa uga diarani jarwo dhosok utawa tembung thuk-thuk mathuk.
Tuladha:
- simah : isining omah
- tebu : antepe kalbu
- krikil : keri ing sikil
- gusti : baguse ati

Tembung Kosok Balen (antonim)

Tembung kosok balen yaiku tembung kang duweni teges walikan karo tembung liyane, tembung-tembung kang kalebu antonim iku antarane: padhang-peteng, bungah-susah, gedhe-cilik, beja-cilaka, kasar-alus, lan sapiturute.
Tuladha:
- Bab sugih mlarat iku sejatine jatahe dhewe-dhewe.
- Kali ing Kalimantan kuwi tiga rendheng banyune ajeg gedhe.  

Tembung Katrangan

Tembung katrangan yaiku tembung kang mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa saliyane tembung aran. Amarga yen nerangake tembung aran banjur dadi tembung kaanan.
Tuladha:
- Aisyah kerep nangis.
- Ega durung nyapu latar.
- Teronge Yu Warni isih akeh.
- Agus mrenene arang-arang.

Tembung tetenger

Tembung tetenger yaiku sakabehing tembung kang dienggo nyandhangi tembung aran, panganggone ana ing sangarepe tembung aran lan ora ana teges apa-apa. Tembung tetenger umpamane: si, sang, para, pun, ponang.
Panganggone ukara ing ngisor iki:
- Ponang jabang bayi tuhu pekik ing warni.
- Para punggawa padha cancut tali wanda.
- Sang prabu nembe duka.
- Si suta kae pancen sregep.

Tembung Entar

Entar tegese silih utawa ampil. Tembung entar yaiku tembung-tembung sing duweni teges ora salugune utawa ora sabenere (Ind: kiasan utawa ungkapan). Umpamane tembung “landhep dhengkul” iku ora tinemu ing nalar yen tegese lugu. Jalaran sing lumrah landhep iku gegaman. Dadi sing karepake dhengkul mau nyilih tembung liya (landhep) kang banjur ditegesi sarana kiasan yaiku bodho banget.
Tuladha:
Atine momot = sabar banget
Peteng pikire = susah
Padhang langite = seneng banget
Mateng rembuge = kedadeyan rembuge

Dasanama

Dasanama iku saka tembung “dasa” karo “nama”. Dasa tegese sepuluh, dene nama tegese nama utawa aran. Dasanama tegese jeneng nganti sepuluh cacahe, sanajan kurang saka sepuluh uga diarani dasanama.
Tuladha:
Kethek = wanara, rewanda, kapi, juris, palwaga, wre, pragosa
Banyu = warih, her, tirta, we, ranu
Ilang = nir, musna, sirna, mendra
Geni = agni, brama, latu, pawaka, dahana
Buta = reseksa, danawa, danuja, ditya, asura, diyu, kelana, wil
Kalah = kasor, kawon, kaseser, kalindhih, katitih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar